Popular Post

Popular Posts

Diberdayakan oleh Blogger.

About me

You can replace this text by going to "Layout" and then "Page Elements" section. Edit " About "

Pages

recent posts

Flickr Images

Like us on Facebook

About Us

About

Posted by : novans-565.blogspot.com/ Jumat, 28 Agustus 2015



GURU GATRA, WILANGAN, LAN GURU LAGU TEMBANG MACAPAT



  • Guru gatra yoiku cacahing baris ana ing sa pada (bait)
  • Guru wilangan yoiku cacahing suku kata ana ing saben gatra (baris)
  • Guru lagu yoiku tibaning swara (vokal) ana ing pungkasaning gara/baris.



ASMARADHANA
Duh wong wadon sing dak pikir
Wengi iki lagi nyapa
Aning kutha Ponorogo
Aku pengen nemu tresna
Ka kowe duk wong liya
Karya mukti wong ayu
Pun arimami asmara

KINANTHI
Dina iki aku mujur
Oleh biji apik-apik
Saka pelajaran jawa
Matur suwun Bapak Nadhiv
Pun awehan dhateng kula
Kula inget sampek mati

POCUNG
Bali ngudi ilmu kok langsung turu
Ora ngganceng apa
Gawean mung wira-wiri
Dhuh cah bagus elinga marang wong tua

MIJIL
Penguasa aja mung umbar janji
Ora ngganceng ndonya
Urip mung mikir awake dhewe
Aja mung dolan nang luar negeri
Mbokya padha tangi
Pikirna rakyatmu

GAMBUH
Budhal mancing esuk
Nunggu iwak sing glagepan metu
Nganti semene kok ora mbarokahi
Dhuh Gusti, tibak e kleru
Lali ora mbasang laron

MASKUMAMBANG
Awit biyen lan saiki aku tresna
Nang sliramu siji
Tapi ora ko tanggepi
Malah ninggalake tresna

PANGKUR
Jam pitu budhal sekolah
Kaya ngene rasane dadi murid
Wira-wiri saben esuk
Angudi kapinteran
Durung uwis lamun durung antuk biji
Biji saking Bapak Guru
Yaiku sing dak karepna

SINOM
Cah iku jenenge Ana
Ana anake priyayi
Cae ngerti tata krama
Nang wong tua ngajeni
Marang kanca apik
Yen ketemu uwong ngguyu
Dheweke tresna kanca
Uga ora tau iri
Sabendinane Ana iku semangat

DURMA
Anake Pak Slamet jenenge Arjuna
Sekolah kelas siji
Sipate ra cetha
Gawe Bapa murka
Arjuna ora mbejaji
Gawene nyiksa
Yen cedhek dijaraki

MEGATRUH
Kok kaya ngene abote urip iku
Wis usaha ora kasil
Ndadekne atiku alum
Dhuh, nyapa kok ora kat wingi
Saiki gur plonga-plongo

DHANDHANGGULA
Getih kang wis netes saka Rama
Bebasan rai kang pucat pasi
Sing gedhe pengorbanane
Amung kanggo awakku
Saka Rama sing dak tresnani
Sak dhuwure bantara
Mili kaya banyu
Gedhe sak gedhene arga
Sak lawase dak simpen sajroning ati
Matursuwun dhuh Rama

Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © 2013 MM'student - Kurumi Tokisaki - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -